Fabel

Anak kodok lan anak lembu


                   Ing satengahing suketan sing  jembar,ana kolam  sing dipanggoni karo puluhan kodok.Ing salah sijining kodok kuwi ana siji precil sing jenenge Kenthus,dheweke yaiku precil sing paling gedhi lan kuat.Amarga keluwihane kuwi ,Kenthus dadi gumedhe.Dheweke ngrasa nek ora ana anak kodok liyane sing bisa ngalahake dheweke.

        Sakbenere kangmase Kenthus wis kerep ngandhani supaya Kenthus ora gumedhe marang kanca – kanca liyane.Nanging kandhanane kangmase kuwi ora tau digathekake.Perkara iki sing ndadekake kanca – kancane dadi ngadohi dheweke,saengga Kenthus ora nduwe kanca dolan maneh.
      Ing sawijining dina,Kenthus isih latihan mencolot ing suketan.Pas kuwi ana pedhet sing isih dolanan ning kono.Sepisan,pedhet kuwi nyedaki ibune kanggo nyedot susu .Pedhet kuwi  seneng banget,dheweke mlayu-mlayu karo sepisan mangan suket sing seger.Ora sengaja ,ilate pedhet ngenani awake si Kenthus,”Huh,wani makhluk iki ngrusuhi aku”Omonge si Kenthus karo rasa jengkel sinambi nyoba ngadohi anak lembu kuwi.
               Sakbenere pedhet kuwi ora niat ngrusuhi.Kebeneran polahe padha karo Kenthus saengga marakake Kenthus dadi kuatir lan mencolot cepet-cepet kanggo nyelametake dheweke.Sinambi mlayu-mlayu,akhire Kenthus tekan ing pinggir kolam.Weruh  Kenthus sing ketoke kesel banget,kanca – kancane gumon.”Hei Kenthus ,ngopo kowe mlayu-mlayu” takon kanca – kancane.”Ora ana opo-opo,aku mung kuatir.Delokno ing tengahing suketan kuwi,aku ora ngerti makhluk opo kuwi,nanging makhluk kuwi gumedhe banget.Makhluk kuwi arep mangan aku”kandane Kenthus
              Kangmase sing nembe wae tekan ing kono njelasake “Kuwi pedhet.Sakngertine kangmas,pedhet ora ala.Dheweke pancen biasa diuculake ing suketan iki saben isuk.” Ora ala? Nang ngopo kangmas bisa ngomong koyo ngono? Aku meh wae dipangan mau” kandane Kenthus.”Ah ora mungkin, pedhet ora mangan kodok utawa iwak nanging mung suket”Jelas kangmase maneh.”Aku ora percaya mas.Mau,aku didoyak dheweke lan meh wae ditendhang”.
                 “Hei,kanca-kanca ,aku sakbenere bisa ngalahake dheweke kanthi ngembongake awakku”,kandhane Kenthus kanthi gumedhe.”Lawan wae Kenthus! Kowe mesti menang “bengok anak – anak kodok rame- rame.”Weslah Kenthus.Kowe ora bakal bisa nandhingi pedhet kuwi.Perkara kuwi nyamari” omong kangmase Kenthus bola – bali nanging ora diperhatikake kandhanan kangmase.
                 Kenthus banjur ngembungake awakke,amarga surungan saka kanca-kancane.Sakbenere,kanca-kancane sengaja meh menehi piwulangan marang Kenthus sing gumedhe kuwi.”Sitik maneh Kenthus.Teruske!” ngono kuwi sing dibengokake kanca-kancane Kenthus.Sakwise wetenge Kenthus mlembung kanthi gedhe banget,ujuk-ujuk Kenthus tiba lemes.Wetenge lara banget lan alon – alon dikempisake.Weruh keadaan adine sing lemes,kangmase Kenthus banjur ngrewangi Kenthus. Untunge Kenthus ora ning ngopo –opo.Dheweke mari kaya mbiyen maneh nanging sikape wis akeh sing owah.Dheweke isin kanthi sikape dheweke sing gumedhe.


         


Share this:

ABOUT THE AUTHOR

Hello We are OddThemes, Our name came from the fact that we are UNIQUE. We specialize in designing premium looking fully customizable highly responsive blogger templates. We at OddThemes do carry a philosophy that: Nothing Is Impossible

0 komentar:

Posting Komentar